Laman

Kamis, 06 Agustus 2015

Tembang Macapat

Ditulis lan dipostingke dening Admin Web.
Tembang Macapat kuwi kalebu Tembang Jawa. Wernaning tembang macapat ana 11 perangan kasebut  ing ngisor iki. Ana 4 tulodho Video kang Admin link ana ing layanan Video You Tube. 

1. Tembang Maskumambang
Maskumabang nggambarake jabang bayi sing isih ana kandungane ibune. Mas ateges durung weruh. Kumambang ateges uripe ngambang nyang kandungane ibune. Maskumambang menggambarkan seorang bayi yang masih terapung ada di dalam kandungan ibunya.

2. Tembang Mijil
Mijil ateges wis lahir lan jelas priyo utawa wadon 
Mijil (Keluar) bearti bayi tadi telah lahir dan jelas jenis kelaminnya laki-laki atau perempuan.

3. Tembang Sinom

Sinom ateges kanoman, minangka kalodhangan kanggo ngangsu kawruh sakakeh-akehe.
Sinom (remaja/pemuda) adalah waktu untuk menuntut ilmu sebanyak-banyaknya.

4. Tembang Kinanthi
Kinanthi saka tembung kanthi utawa tuntun ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi (Dibimbing) berarti dibimbing supaya bisa berjalan di alam dunia.

5. Tembang Asmarandana
Asmarandana ateges rasa trisno, tresno marang liyan (priya lan wanita) kabeh mau wis dadi kodrate.
Asmarandana (Rasa Cinta) adalah sudah kodrat laki-laki mencintai perempuan dan perempuan mencintai laki-laki.

6. Tembang Gambuh

Gambuh saka tembung jumbuh/sarujuk., yen wis jumbuh/sarujuk  njur digathokake
antarane priya lan wanita supaya urip bebrayan.
Gambuh (Setuju) bila sudah setuju ditemukan/ dinikahkan antara pria dan wanita supaya mengarungi kehidupan sebagai suami dan istri.


7. Tembang Dandang Gulo
Ghandhang gula nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge apa kang ginayuh
bisa kasembadan. Kasembadan oleh sisihane urip lan keluarga. Kagungan putra
Ghandanggulo menggambarkan kehidupan orang yang demikian bahagia karena apa yang dicita-citakan tercapai yaitu berkeluarga dan punya putra.


8. Tembang Durma
Durma saka tembung darma utawa weweh. Wang kang cukup banjur thukul rasa
welas kepingin weweh utawa menehi wong kang nandhang kacintrakan.
Durma berasal dari kata darma atau memberi. Orang yang cukup dan mempunyai rasa welas asih dan suka memberi orang yang kekurangan (fakir dan miskin)

9. Tembang Pangkur
Pangkur saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara
murka.
Pangkur berasal dari kata mungkur atau mundur yang berarti menghindari nafsu yang jelek.

10. Tembang Megatruh
Megatruh saka tembung Megat Ruh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi
wancine katimbalan marak sowan mring Kang Maha kuwasa.
Megatruh berasal dari kata megat ruh atau memisahkan ruh sudah saatnya untuk kembali kepada Yang Maha Kuwasa.

11. Tembang Pocung
Pocung. Yen wis tekan titi wancine yen wis mati dadi mayit utawa layon
menungsa kuwi dibungkus karo kain mori putih utawa dipocong.
Pocung. Setelah manusia meninggal dunia menjadi mayat dibungkus dengan kain mori putih atau dipocong.

0 komentar :

Posting Komentar