Laman

Minggu, 02 Agustus 2015

Pengetan Waisak

Ditulis lan dipostingke dening Admin Web
Gambar Pengetan Waisak (Sumber : google.com)
      Pengetan Waisak punika mengeti dinten miyosipun, nggayuh bodhi, utawi nggayuh kawruh kasampurnaning gesang, saha sedanipun Sang Budha Gautama, panutanipun umat Budha.
          
     Sang Budha Gautama, nilar kamuktening kedhaton, saha nilar garwa tuwin putranipun Prabu Sudhodhana, ing nagari Kapilawastu ing tanah Indhia Ler. Miyosipun kinten-kinten 600 taun saderengipun taun Masehi.
     
     Kacariyos Pangeran Sidharta, nilar kamuktening kedhaton, saha nilar garwa tuwin putranipun, saperlu ngudi kasampurnaning gesang. Kanthi maguru dhateng para pandhita, saha para brahmana ingkang ngedegaken asrama ing wana-wana tuwin ing redi-redi. Wekasanipun Pangeran Sidharta lajeng mratapa, wonten sangandhaping wit waringin ing sacelakipun kitha Botgaya.
     
Danguning-dangu, ing satunggaling wekdal, Pangeran Sidharta saged nggayuh bodhi, utawi kawruh luhur bab kasampurnaning gesang. Wiwit titi wanci punika, asmanipun dados Sang Budha Gautama. Utawi Sakyamuni, tegesipun muni punika pandhita. Sakya punika namanipun suku bangsanipun. Dados Sakyamuni, sami kaliyan pandhita saking bangsa Sakya. Anggenipun kasil nggayuh bodhi wau ing satunggaling dalu wulan purnama, salebetipun wulan utawi sasi Waisaka, ingkang sapunika dados Waisak punika.
     
Awit saking welasipun dhateng manungsa, ingkang taksih kapetengan margining kasampurnan, wekasanipun Sang Budha nggiyaraken piwulanganipun. Wiwit mulang wonten ing Taman Kidang ing dhusun Sarnat, celak kitha Benares. Anggenipun nggiyaraken piwulanganipun nganti yuswa 80 taun, utawi dumugi sedanipun, nalika wonten ing kitha Kusinagar. 

     Ing pengetan Waisak Ing Indonesia, tetiyang ingkang ngrasuk agami Budha nindakaken upacara dipunpunjeraken wonten ing Candhi Barabudur saha Candhi Mendut Magelang. Pengetan Waisak kalebet dinten ageng agami lan dados dinten libur resmi sanagari Indonesia.
(DR. M.A. Sudi Yatmana, 1993 : 12 – 14)

2.            Critakna maneh intisarine wacan kasebut nganggo basamu dhewe!
3.            Tembung-tembung wigati ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih wangsulan kang wus cumawis ana ing ngisore!
Miyos                    =
Bodhi                    =
Timur                    = 
Kadhaton            = 
Nilar                  =
Ngudi                    =            
Wana                 =
Redi                    =
Ngrasuk               =
sacelakipun        =
nggayuh               =
Muni                     =
Nggiyaraken       =
Yuswa                   =
Punjer                  =

Nggilut,  lair,  gunung,  kasampurnan,  golek,  ninggalake, enom, kraton, alas, pusat, umur, nyiarake, sacedhake, kasil sing diidham-idhamake, pandhita

4.            Pitakonan ngisor iki wangsulana nganggo basa krama!
a.            Pengetan Waisak iku mengeti apa?
b.            Nalika isih timur, Sang Budha gautama iku sapa asmane?
c.             Kena apa nalika timure oleh sebutan pangeran?
d.            Pangeran Sidharta lolos saka kadhaton nilar garwa lan putrane apa sing dikersakake?
e.            Pangeran Sidharta maguru marang sapa wae?
f.             Wusanane Pangeran Sidharta bisa nggayuh bodhi ana ing ngendi?
g.            Sawise nggayuh bodhi Pangeran Sidharta banjur ganti asma sapa?
h.            Ana ngendi sedane Sang Budha gautama, nganti yuswa pira?
i.              Pengetan Waisak biasane dipusatake ana ngendi?
j.             Sebutna jenenge agama kang diakoni dening pemerintah Indonesia  lan dina pengetane!
    
5.            Ceceg-ceceg iki isenana nganggo tembung sing mathuk lan wis cumawis ing ngisore!
a.            Dinten Isro’ Mi’roj inggih punika pengetan ……Nabi Muhammad SAW dhateng ngarsanipun Allah SWT.
b.            Dinten Nuzulul Qur’an inggih punika pengetan ….. kitab suci Al Qur’an
c.             Dinten Idul Fitri punika dinten pengetan umat Islam sampun rampung nindakakaen ….. ing wulan Ramadhan
d.            Dinten Natal punika dinten pengetan ….. Isa Almasih
e.            Dinten Paskah punika dinten pengetan ….Isa Almasih
f.             Maulud Nabi punika kangge mengeti …… Nabi Muhammad SAW
g.            Dinten Idul Adha punka sami kaliyan dinten ageng …. Tumrap Agami Islam
h.            Dinten Nyepi punika pengetan umat Hindhu mapag taun enggal taun ….
i.              Pengetan 1 Sura punika sami kaliyan taun enggal …. Tumrap agami Islam
j.             Pengetan dinten ….. dipunpusataken wonten ing Candhi Barabudur lan Candhi Mendut.

Waisak;  Saka; Hijriyah;  minggahipun;  sedanipun;  siyam ;  kaji;  tumurunipun ; miyosipun ; 
Sumber materi : https://app.box.com/s/ilfss7jgm7gdg4hhfpa9

0 komentar :

Posting Komentar