Laman

Senin, 05 Agustus 2013

RUWATAN

Ditulis lan dipostingke : Senin, 5 Agustus 2013
Assalamualaikum warah matullohi wabarokhatuh.
Kanca-kanca kabeh mesthine wis tau nonton acara ruwatan,ta? Saperangan ana sing durung.

Ora dadi ngapa. Sing arep dakcritakake ing kene yaiku ruwatan ing daerahku. Mbokmenawa beda karo sing ana ing daerahmu. Desa mawa tata, negara mawa cara.Manut pangandikane pak Ustad  H. Umar , Da’i kondhang ing daerahku,intisari acara ruwatan sing ditindakake dening masyarakat ing kene klebu larang banget. Merga sejatine wong ngruwat iku mung angger migatekake lan nindakake apa kang ana sajrone salah sijine surat ing Qur’an, ora prelu diruwat maneh. Ora perlu ngetokake dhuwit puluhan yuta rupiyah. Surat mau: Al Ashr sing tegese wektu utawa kala.
Geneya bisa ngentekake ragad nganti puluhan yuta rupiyah?
Iya wae, ruwatan kudu ditanggapake wayang. Sadina sawengi kanthi lakon Murwakala. 
Tanggapane mbutuhake ragad nganti rongpuluhan yuta rupiyah.
Acarane kudu kawiwitan seminggu sadurunge. Wong sing arep diruwat, arane Sukerta. 
Kudu wiwit pasa. Saupama durung kuwat, sing pasa wong tuwane. Dina kepitu dianakake
siraman nganggo banyu kembang setaman. Bisa uga olehe didusi ana ing sendhang gedhe
sing dikramatake.
     Dhalang sing dipilih kudu dhalang sing sepuh tur wis tau ngruwat. Ki dhalang uga pasa 
     dhisik sadurunge ngruwat. Tujuwane, ngresiki lair lan batine.
     Pas dina ruwatane, sukerta sing diruwat banjur dicukur rambute. Nganggo busana sarwa
     putih, kayadene agemane wong munggah haji. Ki dhalang banjur ngasta paraga wayang
     Bathara Kala yakuwi dewane wektu. Ngoyak sukerta. Sukerta kudu mlayu lan diupayakna
     aja nganti kecekel. Sabubare kuwi, ki dhalang banjur nggelar lakon Murwakala.

     Kanca-kanca, intine acara ruwatan mau pancen iya mung simbolik semiotik. Utawa
     yen ing basa Jawa sok diarani pralambanging sasmita.
     Apa sing disasmitani lan disasmitakake?
     Wong sukerta iku cacahe akeh banget. Ana sukerta amerga gawan lair. Ana sukerta sing
     mergane pakarti. Sing gawan lair upamane: ontang-anting, unting-unting, kedhana-kedhini,  
     kembang sepasang, uger-uger lawang, pancuran apit sendhang lan sawalike, pandhawa,
     srimpi, lan liyane. Dene sing amerga pakarti, upamane: ngrubuhake dandang, nugelake
     pipisan mutungake gandhik, gawe omah tanpa tutup keong, turu wayah surup, lan liyane
     maneh.
     Sukerta jalaran saka gawan lair, kuwi wong Jawa duwe kapercayan,  sapa ngerti bocah
     sukerta mau duwe watak lan kajiwan sing beda karo bocah adate.

     Para kanca, bab iki kena dibuktekake yen anak tunggal utawa ontang-anting adate
     rasa sosiale kurang, amerga kulina ing omahe sarwa kecukupan, lan tansah diugung.
     Mula saka kuwi sukerta kudu diruwat, karepe aja nganti dimangsa dening bathara Kala.
     Sasmitane. Aja nganti urip mung ngentekake wektu tanpa guna.
     Lire, bener ngendikane Ustad H. Umar mau, Ta?
     Wasana cukup samene dhisik critaku,Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta yen
     wonten lepat kawula.
            Wassalamualaikum warakhmatullahi wabarakatuh.

0 komentar :

Posting Komentar