Laman

Minggu, 18 September 2016

Kancil Nyolong Timun

Ditulis lan dipostingke dening Admin Web. Sumber : Crita Kancil Nyolong Timun kacritaake dening Dewi Oktaviyani Kelas IX E, digladi dening Bapak Sulistyo Budi Santoso.



Kancil Nyolong Timun minangka Crita Basa Jawa. Crita iki wis ana nalika Admin Web durung dilahirake. Kancil minangka kewan kang pinter lan cerdik. Kanggo mangan mendinane kancil tansah nyolong utawa njupuk tanduran timun kang tinandur dening Pak Tani. Pak tani gregeten mergo tanduran timun dirusak dening kancil. Pak Tani ora kurang akal. Pak Tani nggawe weweden wong wongan kang diparingi lem.

Sakwise wedenan dipasang ana ing kebon lan ditinggalake dening Pak Tani. diweruhi dening Kancil. Nanging Kancil ora wedi. Kanci ngerti yen wewedan ana ing sawah kuwi ora bisa ngomong. Kancil gregeten. Wong wongan disadhuk nganggo sikil ngarep sisih tengan. Sikil ngarep tengene kancil kanthil. Banjur sikil kiwa ngarep nendhang. Nanging kancil ora bisa ngobahake sikile ngarep tengen lan kiwa mau merga kanthil ana ing wong wongan mau. Banjur sikil kiwa lan tengen sing mburi. Nanging kancil apes merga kabeh sikile Kancil kanthil ana ing wong wongan mau. Pak Tani gampang nyekel kancil.

Banjur Kancil digawa mulih Pak Tani diwadahi kurungan. Kepriye critane kancil sakteruse. Luwih becik dipersani Video iki :

0 komentar :

Posting Komentar